Senin, 01 Februari 2010

piDat0 Bapak Lurah Joko Wahyudi


Assalammualaikum Wr. Wb.
          Para sesepuh, pini sepuh ingkang kinurmatan. Para hadirin hadirat ingkang dipun mulyaaken dhateng Allah  SWT, mliginipun dhumateng panjenenganipun shohibul bait Bapak Amir ingkang tansah kula kurmati.
          Langkung rumiyen mangga kersa kita panjatkan puji lan syukur dhateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun maringi kanikmatan dhateng kita sedaya. Ing sepisan kula muji syukur dhateng Gusti, Bapak Amir saged nindhakaken haji nggih punika rukun islam ingkang kaping gangsal. Kula amakili warga condong catur nyuwun pangaputen. Mugi-mugi Bapak Amir dhateng nindhakaken haji kaparingan sehat, bagas waras, lan dados haji ingang mabrur.
          Mangkaten anggen kula matur, mbok bilih wonten atur kula kathah kalepatanipun kula nyuwun pangapunten.
Wassalammualaikum Wr. Wb.