Sabtu, 25 Juli 2009

Saloka Lan Kadadeyane

· Angon ulat ngumbar tangan = Nyawang kahanan arep nglimpe.

Adhiku gawene nangis yen di tinggal ibuku tindhak. Ibuku ngendika yen ibu arep ning peken. Adhiku krungu lan pengen nderek. Ibuku nyawang kahanan arep nglimpe adhiku sing arep nderek.

· Anak polah bapa kepradhah = Wong tuwa nemu reribed amarga polahe anak.

Anakipun tanggaku nakale ora karuwan. Ndek winginane anakipun tanggaku njotos cah cilik ning ngarep omahku. Dadine, wong tuwane sing dadi nemu reribedte.

· Becik ketitik ala ketara = Becik ala bakal ketara ing tembe mburine.

Kancaku senengane ngapusi karo aku lan guruku. Kancaku ngapusi guru ben bijine apik lan disenengi karo kanca-kanca. Suwe-suwe guruku mengko bakal ngerti nek watakke elek.

· Criwis cawis = Akeh alesan nanging gelem nindakake.

Ono wong criwis sing dijak rewang. Lan onge gelem dijak rewang. Ning kono ndekne akeh omonge, nanging sing paling akeh nyambut gawene yo wong iku. Iku berarti wonge criwas-criwis lah sing penting gelem nyambut gawe.

· Diwenehi ati ngrogoh rempela = Diwenehi sithik njaluk sing akeh.

Tanggaku senengane njalukan. Yen aku duwe jajan,tak keki. Nanging isih kurang. Tanggaku njaluk maneh ning aku. Arep tak keki nanging kok garek sithik, nek gak tak keki, mengko tanggaku ngamuk.

· Endhas gundhul dikepeli = Wis kepenak di tambahi kepenak maneh.

Pas preinan aku dijak lunga karo wong tuwaku. Aku dijak ning daleme pakdheku. Ning kono aku dijak mlaku-mlaku ning mal. Ning kono aku malah aku entuk hadiah saka pakdheku. Hadiahe yaiku tas karo sepatu. Tekan dalem aku diparingi sangu kalihan pakdheku.

· Esuk dhele sore tempe = Ora tetep atine.

Wong sing akeh janjine padha mleset unine ora padha karo karepe. Atine karo unine ora padha sing dikarepake.

· Garang garing = Umuk sugih nanging sejatine kecingkrangan.

Tanggaku wong ora duwe tapi omonge gedhe banget. Senengane pamer sing ora ono kenyataane. Umuk marang wong-wong wis dadi gaweane.

· Jalukan ora wewehan = Seneng njaluk nanging ora seneng weweh.

Ono wong kang pelit banget. Angger aku duwe, mesthi njaluk. Tapi nek dijaluki emoh-emoh tenan. Pinter njaluk tapi ora gelem weweh.

· Kadang konang = Ngakoni dulur mung karo sing sugih-sugih.

Tanggaku senengane pamer. Nanging pamer aneh-aneh. Aku ngerti nek dulure iku wong sing padha ora duwene. Nanging crita ning aku nek dulure adoh-adoh lan sugih-sugih.

· Maju tatu mundur ajur = Kabeh budidayane ora asil.

Omku duwe bisnis akeh. Nanging akeh sing ora asil. Amarga omku ora gelem kerja keras. Nek ono tawaran-tawaran mesthi ngandalke karyawane.

· Nambong laku = Ethok-ethok ora ngerti.

Ndek wingi ono wong ketabrak ning ngarep omahku. Sing nabrak iku tanggaku dewe. Nanging tanggaku ethok-ethok ora ngerti nek ono tabrakan.

· Pupur sawise benjut = Ngati-ngati sawise kebacut kelakon.

Nglakoni gawean iku kudu nganggo pikiran. Kabeh supoyo ngati-ngati ben ora kebacut kelakon.

· Ngemut legining gula = Bareng krasa penak lali karo asale.

Wong yen ditulungi ojo lali karo sing nuluni. Biasane wong wis ngrasakke kepenak lali karo sing dhisik. Lan nek wis kepenak uripe ojo lali karo sing kuwasa.

· Ora suwur ora sembur = Ora gelem cawe-cawe sithithika wae.

Yen ono wong sing duwe masalah. Ora usah melu cawe-cawe soko sithiko. Mengko malah masalahe tambah gedhe.

· Rawe-rawe rantas malang-malang putung = Kabeh sing ngaling-ngalingi disingkirake.

Sapa wae sing bakal ngaling-ngalingi awakmu bakal disingkirake.

· Rindhik asu digitik = Dikon nglakoni gawean sing cocok karo karepe.

Wong sing duwe gawean karepe dikon nglakoni sing cocok karo karepe atine supoyo pas kanggo gaweane.

· Tulung menthung = Katone nulung ning marahi susah.

Wong wis ditulungi malah nambah susahe. Ora ngerti nulungi malah nyusahke sing ditulungi. Mulane ketone nulung ning malas nambahi susah.

· Wis kebak sunduke = Wong sing wis akeh kaluputane.

Wong sing wis akeh kaluputane ning endi-endi nganti ora ono panggonane.

· Sepi ing pamrih rame ing gawe = Tumandang gawe tanpa duwe melik.

Wong sing doyan gawe ora deleng-deleng ukurane. Sing doyan tulung timulung wong marang gawe.